NASKAH SAMBUTAN DIALOG JAWA

Petruk      asalamualaikum wr.wb.
Gareng.    Waalaikum salam le.
Bagong     waalaikum salam mas
Petruk      ucap syukur marang gusti kang nyipto jagat gong,sebab bengi iki wis diparingi kelancaran sekabehane.Lan uga ngaturake panuwun dumateng bpk.........sekeluarga ingkang sampun maringi wekdal kangge para kanca gegladen wonten ing pidalemipun ing desa ......... kec......kab...... mriki.wah petruk melu seneng gong sebab bengi iki kabeh anggotane isih Kalebu anak anak anak wiwit soko dalang e cilik ,terus penabuh e cilik,terus sindene cilik malah iki ono penggerong sing lagi mlebu TK .wah jan.. suarane apik e ra jamak jamak
Bagong     opo iyo to truk.
Petruk.     iyo gong
Bagong.   sopo wi truk
Petruk      sing daleme begal kdgalar ke lo..
Bagong     oalah... truk truk nak ngunui dudu Tk taman kanak kanak nanging taman kawak kawak truk,lak pak safi i ke to..
Petruk      hhehhhee iyo gong
Gareng     wah iki awak e dewe bageyan goro goro yo truk
Petruk      iyo reng
Bagong     la mau sore dalang e sopo truk
petruk      akeh gong lak kon nyebutke kabeh keju gong lambeku
Gareng     kwe ngko tekan bar to truk
Petruk      yo ora to reng aku ki mung goro goro thok mergakne ki dalang e ono 10 dadi waktune di dum dum
Bagong     la bengi iki acarane opo truk
Petruk      acarane yaiku bapak ........ malakramaake keng putra inggih menika mas ........ pikantuk mbk ...... mugi mugi pinanganten pikantuk kulawarga sakinah mawadah warohmah tinebih ing suker sakit binucal ing siyal dangkal pikantuk rizki kang halal lan barokah,allahuma
gareng     amin truk
petruk      ayo reng saiki pantun .
                   mangan legen karo es campur
                   mugi pinanganten panjang umur
gareng      amin
petruk      ayo genten kowe
gareng      mangan legen ning piggir kali
                   mugi pinanganten banyak rejeki
bagong     amin
gareng      ayo saiki bagong .
bagong     mangan legen karo mlayu.
Gareng     terus
Bagong     terus kutah to reng wong karo mlayu kok
Petruk      wooo bagong ki guyon ae....
Gareng     wis truk ayo atur panglipur
Petruk      ayo reng





Atur panglipur

Related : NASKAH SAMBUTAN DIALOG JAWA

0 Komentar untuk "NASKAH SAMBUTAN DIALOG JAWA"